Jumat, 20 Agustus 2010

Ramalan jaya baya bag IV

166. Pitik angrem saduwure pikulan--- Ayam mengeram di atas pikulan. 167. Maling wani nantang sing duwe omah---Pencuri menantang si empunya rumah. 168. Begal pada ndhugal--- Penyamun semakin kurang ajar. 169. Rampok padha keplok-keplok--- Perampok semua bersorak-sorai. 170. Wong momong mitenah sing diemong---Si pengasuh memfitnah yang diasuh 171. Wong jaga nyolong sing dijaga- --Si penjaga mencuri yang dijaga. 172. Wong njamin njaluk dijamin---Si penjamin minta dijamin. 173. Akeh wong mendem donga--- Banyak orang mabuk doa. 174. Kana-kene rebutan unggul---Di mana-mana berebut menang. 175. Angkara murka ngombro-ombro--- Angkara murka menjadi-jadi. 176. Agama ditantang---Agama ditantang. 177. Akeh wong angkara murka--- Banyak orang angkara murka. 178. Nggedhekake duraka--- Membesar-besarkan durhaka. 179. Ukum agama dilanggar---Hukum agama dilanggar. 180. Prikamanungsan di iles-iles-- Perikemanusiaan diinjak-injak. 181. Kasusilan ditinggal---Tata susila diabaikan 182. Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi-- -Banyak orang gila, jahat dan hilang akal budi. 183. Wong cilik akeh sing kepencil--- Rakyat kecil banyak tersingkir. 184. Amarga dadi korbane si jahat sing jajil---Karena menjadi kurban si jahat si laknat. 185. Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit---Lalu datang Raja berpengaruh dan berprajurit. 186. Lan duwe prajurit---Dan punya prajurit. 187. Negarane ambane saprawolon---Lebar negeri seperdelapan dunia. 188. Tukang mangan suap saya ndadra--- Pemakan suap semakin merajalela. 189. Wong jahat ditampa---Orang jahat diterima. 190. Wong suci dibenci---Orang suci dibenci. 191. Timah dianggep perak---Timah dianggap perak. 192. Emas diarani tembaga---Emas dibilang tembaga 193. Dandang dikandakake kuntul- --Gagak disebut bangau. 194. Wong dosa sentosa---Orang berdosa sentosa. 195. Wong cilik disalahake---Rakyat jelata dipersalahkan.

196. Wong nganggur kesungkur---Si penganggur tersungkur. 197. Wong sregep krungkep---Si tekun terjerembab. 198. Wong nyengit kesengit---Orang busuk hati dibenci. 199. Buruh mangluh- --Buruh menangis. 200. Wong sugih krasa wedi---Orang kaya ketakutan. 201. Wong wedi dadi priyayi---Orang takut jadi priyayi. 202. Senenge wong jahat--- Berbahagialah si jahat. 203. Susahe wong cilik---Bersusahlah rakyat kecil. 204. Akeh wong dakwa dinakwa--- Banyak orang saling tuduh. 205. Tindake manungsa saya kuciwa---Ulah manusia semakin tercela. 206. Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi- --Para raja berunding negeri mana yang dipilih dan disukai. 207. Wong Jawa kari separo---Orang Jawa tinggal separo. 208. Landa-Cina kari sejodho --- Belanda- Cina tinggal sepasang. 209. Akeh wong ijir, akeh wong cethil--- Banyak orang kikir, banyak orang pelit. 210. Sing eman ora keduman---Si hemat tidak mendapat bagian. 211. Sing keduman ora eman---Yang mendapat bagian tidak berhemat. 212. Akeh wong mbambung--- Banyak orang berulah dungu. 213. Akeh wong limbung---Banyak orang limbung. 214. Selot-selote mbesuk wolak- waliking jaman teka---Lambat-laun datanglah kelak terbaliknya jaman.

0 komentar:

Posting Komentar

Recent Posts

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More